Mei 2009

28 Mèi 2009-FC Barcelona dados juwara Liga Champions sasampunipun ngawonaken Manchester United kanthi skor 2-0 lan dados tim Spanyol sepindhahan ingkang nyithak kamimpangan treble. (sumber)

Roh Moo-hyun
Roh Moo-hyun

24-Mantan Présidhèn Koréa Kidul, Roh Moo-hyun séda amargi nglalu kanthi terjun saking èrèng-èrènging jurang.(sumber)

23-Horst Köhler kapilih malih dados Présidhèn Jerman. (sumber)

23-Indonésia dipunlapuraken kicalan kalih pulo ing caket Pulo Enggano amargi panebangan wana alasan lan abrasi. (sumber)

20-Pesawat Hercules gadhah TNI AU dhawah wonten ing caket kitha Madiun, Jawa Wétan, niwasaken paling sakedhik 90 jalmi. (sumber)

19-Sri Lanka ngumumaken sampun mimpangaken perang kaliyan pambrontak Organisasi Pambébasan Macan Tamil Eelam sasampunipun perang salami 26 taun. (sumber)

9-Komisi Pilihan umum netepaken cacahing swanten ing Pilihan umum Legislatif Indonésia 2009 kanthi Parté Dhémokrat nggayuh swanten paling ageng (20,85% swanten), salajengipun Parté Golongan Karya (14,45%) lan Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (14,03%). (sumber)(sumber)

4-Mahamantri Nepal, Pushpa Kamal Dahal, ngunduraken dhiri sasampunipun koalisi parté-parté pendhukung runtuh. (sumber)


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search